Sabtu, 23 Januari 2016

Cerita Cekak Basa Jawa

Manis Lambe Tipis
Dening: Muchlas Ardhianto

            Bambang lan Dewi iku siswa kelas 10 ing sawijining sekolah ing Kutha Kediri.Bambang iku bocah lanang sing bagus rupane,dene dewi iku bocah wadon kang ayu rupane nanging tipis lambene.Bambang lan dewi kui kanca sak kelas,mula bambang lan dewi saben dina iso sinau bareng.Kanca kancane Bambang lan dewi seneng merga bambang ana sing ngejak sinau.Bambang ing kelas terkenal dadi bocah sing rada kendho pikirane.Kanca kancane bambang lan dewi ora jarang ya melu-melu sinau bareng.
            Ora mung ana ing sekolah,ing njaba sekolah kadang Bambang lan Dewi ya sinau bareng.mula mulai ana winih katresnan ing atine Bambang lan Dewi.Bambang tresno marang Dewi nanging ora wani ngaturne marang dewi.Sawijining dina,ing Taman Kilisuci Bambang ngaturke rasa tresna jroning ati marang Dewi
“Dewi,duh bocah ayu sing tak tresnani,sliramu wis nggawe lawang atiku nutup kanggo wanita liya kejaba sliramu,opo sliramu gelem nerima tresnaku?”.
“Mas bambang,sampean opo temen tresna karo aku?,aku dorong percaya karo sampean mas.”
“terus aku kudu mbuktekake rasa tresnaku iki? Karo opo aku kudu mbuktekake rasa tresnaku marang sliramu?”
“Yen kepingin tresnamu tak trima,kudu bisa lulus saka SMA lan ketrima ana ing Universitas Gajah Mada.”
“Aku janji,aku bakal nuruti syaratmu.”
            Mulai dina iku Bambang mulai sregep sinaune,Bambang uga ngurangi kegiatane sing ora ona gunane kayata main game online lan kumpul-kumpul bocah urakan ing pinggir embong.saben dina,Bambang ing omah ora tau sinau,amarga saben sore Bambang dijak kanca-kancane budhal dolan ngalor ngidul ora jelas tujuane,nanging saiki yen ana kancane ngejak bambang dolan,Dheweke ora tau gelem.
“Mbang,ayo dolan?”
“Sepurane ya,aku isih sinau iki.”
“Halah sinau opo,sinau paling yo panggah ora iso.”
“Aku isih nyatet materi pelajaran basa jawa sing diulangne maeng.”
“Gae opo ditulis barang,ditulis paling wayah ulangan nyonto yo ora eruh panggone,ya wes nek ora gelem dolan,tak dolan dhewe karo arek-arek.”
            Kanca-kancane bambang padha bingung karo kelakuane bambang sing ora kaya biasae.Termasuk Budi lan Bandi sing biasane dolan karo Bambang.Bocah loro iku maeng pada guneman ing pinggir dalan gara gara Bambang.
“Ban,Bambang kok malih ngunu ya?”
“Ngunu piye?”
“Bambang malih dadi bocah menengan.”
“Halah,paling yo gara-gara di dukani ibune.”
“Iyo paling yo,wes gedhe kok ijik seneng di dukani ibune,pancen bocah dorong ilang pupuk bawange.”
Senajan kanca-kancane akeh sing padha guneman perkara Dheweke,Bambang tetap sinau kanthi temenan,amarga kepingin lulus SMA lan mlebu Universitas Gajah Mada.
            Dina senin,sing biasane Bambang budhale keri dhewe,nanging saiki Bambang dadi bocah sing paling rajin.Senin isuk iku Bambang ketemu Dewi ing kelas,Dewi kaget lan nggumun weruh Bambang budhal isuk dewe.
“Bambang budhal isuk?,aku ngimpi ya?” (Batine Dewi),nanging Dewi ora wani ngomong ing lisane,amarga wedi yen Bambang tersinggung.Dewi mikir,yen Bambang malih rajin gara-gara syarat saka Dewi sing isine Bambang kudu iso lulus SMA lan mlebu Universitas Gajah Mada.
Ketemu Dewi,Bambang mung mesam-mesem,ora akeh gunemane.
            Ora kerasa wes telung tahun Bambang dadi siswa sing nduweni solah bawa kang becik.Becik marang guru,becik marang kanca-kancane,uga karo Dewi sing di tresnani.Senen ngarep Bambang lan kanca-kancane ngadepi Ujian Nasional,kanca kancane padha wedi yen ngadepi ujian nasional,nanging Bambang ora wedi,amarga wes nduwe bekal kanggo ngarap soal.Bambang seneng banget ngadepi Ujian Nasional iki,amarga syarat pertama sing dijaluk Dewi bakal kelakon.
            Rong minggu sawise Ujian Nasional,Bambang lan kanca kancane nunggu keputusan hasil ujian nasional di wacaake.Jam 11 awan pengumuman kelulusan diwacaake,Bambang oleh NUN 3.92 lan peringkat paralel ing sekolahe uga ing Indonesia.Bambang seneng banget amarga nilaine apik banget,weruh yen dheweke lulus lan nilaine apik banget,Bambang langsung nemoni Dewi.
“Dewi,aku wis bisa nuruti panjalukmu,aku bisa lulus saka SMA iki lan nilaiku apik banget.”
“Iya mas Bambang,aku ngerti,nanging syaratku sing nomer loro dorong keturutan,sampeyan kudu bisa masuk ing Universitas Gajah Mada”
“Bakal tak turuti panjalokmu.”
Bambang ora kuwatir nuruti syarate Dewi amarga Dheweke wis dilamar karo Universitas Gajah mada jalur prestasi sing mlebune tanpa tes lan langsung keterima.Bambang diterima ing Universitas Gajah Mada,iku artine panjaluke Dewi wes di turuti,Bambang metuki Dewi ing omahe.
“Dewi,duh bocah ayu sing tak tresnani,aku wes iso nuruti panjalokmu kabeh,saiki aku njalok janjimu yen sliramu bakal nerima tresnaku yen aku wes mlebu ing Universitas Gajah Mada.”
“Mas Bambang,pancen sampeyan wes nglakoni syarat sing tak jalok,nanging aku nduwe syarat liyane sing kudu sampeyan lakoni.”
“Syarat opo maneh bocah ayu?”
“Sampean kudu lulus saka Universitas Gajah Mada kanthi IPK sak nduwure 3,6 lan kudu sukses anggone nyambut gawe.”
“Bakal tak turuti panjalokmu.”
            Bambang luwih semangat anggone nggilut kawruh ing Univeritas Gajah Mada iki.Ing Unversitase Bambang akeh kenalan bocah wadon sing luwih ayu saka Dewi,nanging Bambang ora gelem,Bambang atine mung kanggo Dewi.
            Petang tahun Bambang golek ilmu menyang UGM,uga petang tahun Bambang ora kirim warta menyang Dewi,Dewi ngrasa yen Bambang wis lali karo Dheweke,Dewi bingung ngrasake Bambang sing ora tau ana kabar.Mula Dewi wis ilang tresnane lan milih pria liya ketimbang kudu ngenteni kabar saka Bambang sing ora jelas kabare.
            Petang tahun wes dilakoni Bambang,usahane ora muspro,Bambang Lulus saka Universitas Gajah Mada kanthi IPK 3,72.Lulus saka UGM,Bambang banjur kerja ing luar negeri dadi arsitek pesawat terbang ing Jerman,Bambang kerja ing Jerman amarga dheweke pengen sukses lan pengen mbanggakke wong tuwane uga pengen nuruti panjaluke Dewi sing dadi tresnane Bambang.
            Ora beda kaya Bambang sing isih kuliah ing UGM,Bambang sing saiki ya ora tau kirim kabar menyang Dewi,padahal tresna iku jalaran saka kulina,yen Dewi ora kulina karo Bambang ya tresnane Dewi ilang.Awan bengi Dewi wis ora tau mikir Bambang amarga Dewi wis ana sing nduwe yaiku Bandi,kancane Bambang dewe.Dewi bakal rabi karo Bandi,Dewi ora ngabari Bambang mergo wedi yen Dewi ngirim kabar,Bambang bakal lara ati.Dewi suka rena amarga Dewi wis dadi garwane Bandi,nanging isih ana rasa wedi marang Bambang yen Bambang weruh Dewi wis dadi garwane priya liya sing sejatine priya iku maeng ya kancane dhewe.
“Dewi sajake sliramu kok kaya enek pikiran,sing mbok pikir kui apa?” (takone Bandi marang Dewi).
“Aku mikir Bambang mas,aku wedi yen Bambang muleh bakal murka marang aku.” (Jawabe Dewi)
“Wis ora usah mikir Bambang,sliramu saiki wes dadi garwaku,masalah Bambang yen dheweke murka,aku sing bakal ngrampungke pekara iki.”
            Sukses ing negara Jerman,Bambang banjur muleh menyang Indonesia,Bambang bangga bisa sukses ing Jerman merga kepinterane lan kerja kerase.Muleh menyang Indonesia sing digoleki duduk wong tuwane,nanging Dewi sing di tresnani.Bambang menyang omahe Dewi,tapi sing nemoni malah kancane dhewe yaiku Bandi.
“Assalamu’alaikum.”(Bambang ngucap salam ing omahe Dewi)
“Waalaikum salam.”(Jawabe Bandi)
“Loh Ban,nyapo sampean nang kene?” (Takone Bambang nggumun)
“Pancen omahe kene kok.”(Jawabe Bandi santai)
“Dewi nandi Ban?”
“Keneh mlebu omah disik ndang lungguh,Dewi mari ngene lak metu.”
            Bambang suka rena amarga bakale pethuk wong wadon sing ditresnani.Bambang nganti ora sabar nggenteni ing omahe Dewi,Dewi metu nemoni Bambang.
“Wonte nopo mas Bambang?”
“Aku mrene nagih janjimu,aku saiki wes sukses nggonku nyambut gawe.”
“Sepurane banget mas,aku ora bisa nepati janjiku,aku saiki wis dadi garwane pria liya.”
“Sliramu dadi garwane sapa?”
“Aku saiki wis dadi garwane mas Bandi,kancamu dhewe.”
“Aku kuciwa karo sliramu,babak bundhas aku nuruti sing dadi panjalokmu,tapi saiki opo?Janjimu mung ana lambe,pancen tipis lambemu.”
“Sepurane mas,aku ora bisa.”
“Aku ngira sliramu lahang karoban manis,nanging saiki,becik ketitik ala ketara,aku wes ngerti sliramu sing asli yaiku tukang dusta.”
            Bambang murka lan balik menyang omahe dhewe.Bambang kuciwa banget marga Dewi sing ditresnani ora nepati janjine,yen dheweke wis sukses bakal diterima tresnane.Mari kekadean iku,Bambang senengane nglamun lan ngrenungke apa sing dirasaake.
“Duh Gusti,apa salahku?,wanita sing tak tresnani saiki wis dadi garwane kancaku dhewe,terus aku kudu piye Gusti..?”
            Saben shalat,Bambang mesti njalok tentreme ati menyang gusti Allah,amarga Bambang ngerti yen ora ana sing bisa nulung kejaba Gusti kang maha Agung,yaiku Allah SWT.Panjaluke Bambang di ijabah kalian Gusti Allah,Bambang diwehi tentrem ati,lan diwehi lobok atine.
            Bambang mikir,Bambang sukses ya amarga Dewi,Dewi sing ngekeki syarat,lan syarat iku sing iso ndadekne Bambang semangat dadi wong sing lantip pikirane lan sukses kaya saiki,ora kaya biyen sing ora tau gelem sinau lan dadi wong bodo.Mula Babang nduwe rencana yen Bambang kate nyambung silaturrahim maneh,Bambang langsung menyang omahe Dewi,nemoni Dewi lan Bandi ing omahe.
“Assalamualaikum”
“Waalaikum salam,mangga pinarak mriki mas Bambang.”(Jawabe Dewi)
“Iya wi,matur suwun.Aku mrene mung njalok pangapura lan ngucap matur suwun,merga syaratmu biyen aku bisa dadi wong sukses kaya ngeneki.Saiki aku ora bakal ngganggu keluargamu,aku wis ikhlas yen sliramu dadi garwani Bandi.”
“Iya mas tak ngapura lan aku ya njalok pangapuramu,sebeb ora ona sing jenenge kineban lawang tobat yen wong iku ijik urip.”
“Iya wi,aku ya njaluk ngapura gae bojomu”
“Iya Mbang,aku ya njaluk ngapura.”(Jawabe Bandi)
“Wis cukup,aku katene bali menyang Jerman,aku kate nerusne kerjaku nang kono
,Wassalamualaikum.”
“Waalaikum salam.”
Bambang banjur balik menyang Jerman lan mboyong wong tuwane.

            Tipise lambe ora salawase dadi susahe ati,iku dibukteake dining Bambang sing iso sukses gara-gara tipise lambe bocah wadon sing ditresnani.Kabeh iku mesti ana balesane,Wong males mesti mburine susah.Wong sing sregep sinaune mbesuk bakal ngunduh wohing kesregepan,yaiku kebungahan.Bambang sing biyen dadi bocah sing ora karukaruan,saiki bisa dadi wong kang sukses,iku gara gara rajine Bambang ing bangku sekolah uga ing penggaweane.Ya iku sing diarani manis lambe tipis.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar