Rabu, 27 Januari 2016

Nakah Pagelaran Wayang Kulit Lakon Bima Kopek

BIMA KOPEK
ABIMANYU LAHIR


DENING : KI GEDHUG SISWANTORO
2012
BIMA KOPEK

TABLO

Gendhing ayak sudamala masuk garapan pelog sigeg masuk janturan goro-goro.

Horeg  jumeglug, jagade kocak, bumi saya panas. Kaya datan kuwat nyangga dosane manungsa. Saenggon-enggon amung kapyarsa pekabaran pawarta kanisthan, kumandhange angkara murka, ngrembakane kaculikan. Alas kobar, gunung nyembur lahar, banyu segara amber mblabar, ambyar buyar kang ketrajang, para kawula alit samya angungsi urip, endhut panas mumbul saking telenging bumi, banjir ladhu malik watu.
            Hening sesanti niskala. Ana manungsa ingkang masih eling mring panembah, ana titah ingkang masih enget mring kautaman, ana jalma ingkang masih kober mikir katentreman, ana wong ingkang masih tresna marang kerukunan, nenggih jatining sang pamong linangkung Kyai Lurah Semar Badranaya.
Ginem Semar lan Bima
Semar             :           Eh..lae..lae..mbegegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel, lae…lae. Raden Bima Sena, aku ngaturake panuwun dene jengandika raden isih gelem jagongan karo Semar, nanging sadurunge aku njaluk pangapura. Yen aku lagi darbe krenteg mapan ing dedunungku ngene iki nuwun sewu ora ana lamake titah ing ngarcapada sing tak basani.
Bima               :           Ya..Kyai..aku malah rumangsa bombong dene aku ngerti marang sejatine Kakang Badranaya.
Semar             :           saiki ngene den..aku tak ngudhari gegembolaning atiku, ning yen ana sisipe aturku aku njaluk pangapura. Aku mung pengin nyocokake rasa amarga Semar ditandur ing jagad iki ana sambung rapete kalawan kahanane jagad.
Bima               :           ya ora dadi baya ngapa jer nyatane kakang Semar kuwi pamonging para Pandhawa, jejimating para Pandhawa.
                        Ruming mulat-ruming mulat, sorat sari O…
                        Ruming mulat sorat-sari O…..sari-sari O….
Semar             :           eh…aku kepengin kandha ning sepisan maneh yen ana lupute Semar sing gedhe pangapurane. Ngene, aku momong Pandhawa kuwi wiwit kuncung nganti gelung, malah ora mung Pandhawa wae sing tak emong, nanging wiwit leluhurmu biyen, sing momong aku. Aku medhun ning ngarcapada aranku Janggan Asmarasanta. Aku nampa dhawuh saka Hyang Wenang mung disangoni Cupumanik Astagina, sing duwe daya cacah wolu.
1.      Semar ora kena luwe
2.      Ora bisa arip utawa ngantuk
3.      Ora kena asmara
4.      Ora kena sungkawa
5.      Ora kena sayah utawa kesel
6.      Ora kena ing lara
7.      Ora kena panas
8.      Ora kena kadhemen
                                    Cupa Manik Astagina banjur tak bundheli ning kuncungku nganti tekan seprene, mula yen Semar nganti ndemok kuncungku mesthi ana karya sing wigati kalawan kahanan ndonya, lan tentreme kawula.
Bima               :           wa.. hiya kakang.
Semar             :           ning ngene. Eh jebul nggonku nggawa Cupu Manik Astagina sing nduwe sawab wolu kaya mangkono mau nganti tekan sak yahene aku ya tetep dadi pamon ya mung tetep nyemar. Aku ora nggayuh pangkat, aku ora nggayuh palungguhan, aku ora nglumpukke uwong-uwong. Semar tetep dadi Semar.
Bima               :           banjur kersane Kakang Semar kepriye?
Semar             :           aku kuwi nggumun setahun jembleng sarendheng. Jarene saiki wis ana owah-owahan tumuju marang jaman kang luwih becik, nanging nyatane malah tinemu kosok baline. Saiki horeg ndonya, amarga budaya watak nistha, ringkih tata jiwane manungsa, lan tipis panembahe sing nggawe jagad malah dienggo dolanan. Eh…sing diburu mung sing ketok mata, drajat pangkat gebyaring bandha, pangalembana lan liya-liyane ora eling marang jati dhirine. Mangka gebyaring donya kuwi padha karo gebyare kilat. Mula manungsa kuwi kudune ngandel yen bandha kuwi dipasrahke wae marang sing nggawe jagad. Aja tresna marang donya, ning balik pek’en dayane kareben bandhamu bisa run-tumurun ora entek kaya banyu kali. Watake manungsa kuwi sarwa kurang. Sing sugih pengin singgih, sing singgih pengin kuwasa, sing kuwasa isih ngresula pengin numpuk donya pengin sugih rakaru-karuwan. Ngono kuwi mubeng terus kaya kitiran jalaran urip iki nyakra manggilingan.
                                    Sing biyen diarep-arep dening para kawula tuwuha katentreman, jebul saiki kahanane malah tinemu kosok baline. Jagad kaya nangis, marga pakartine manungsa sing wengis, lali purwa duksina, kasusilan wis lamis, rasa kamanungsan wis tapis, rasa kabangsan wis tipis, rasa katresnan wis dikikis, rasa kawicaksanan wis kalis, akeh wong ngumbar janji ning sejatine mung lamis. Olah pakartine cipta rasa sing ora nganggo dhasar kautaman kuwi anane mung melik anggendhong lali banjur ambabi wuta tumindake.
                                    Mangan bandha Negara wetenge nganti mlenthu, yen dielingke malah mecucu ngajak padu. Ngentekke bandha rakyat dianggep ora saru, ning ndilalah ukum Negara ora mlaku. Sing kudune diukum 20 tahun ning 3 minggu wis metu amarga ana pakartine jeksa Negara sing cangkeme kaya asu.
Bima               :           wa…banjur aku kudu  kepiye kyai?
Semar             :           telung dina sing kepungkur aku nampa wisik yen iki bakal ana nugraha wahyune ratu sing bakal tumurun. Udinen den! Jalaran kahanan sing kaya mengkene iki bisane tata yen wis ana tuwuhing kusuma sing tegen, mugen, marang kwajibane, ngerti marang darmane, tresna marang pepadhane, ning isih wedi marang pangerane, yaiku satriya pinandhita kang sinisihan wahyu.
Bima               :           wa…hiya yen mangkono tak jaluk pangestumu Kyai..
Semar             :           Eh…hiya den..tebusen kanthi laku brata dimen anak turunmu mbesuk sing nemu mulya.

Masuk sirngan pelog sigeg masuk kinanthi sandhung . Prabu Jayamurcita gandrung kepada Dewi Bratajaya. Jayamurcita tampil dari kanan, terbayang-bayang kecantikan Dewi Warasubadra.

Kinanthi sandhung Pl. Lima
Kaling-kalingana gunung
Wong tresna mesthi nggoleki
Nyabranga segara wedang
Mesthi bakal den lampahi
Nadyan kurban jiwa raga
Manteb ing katresnan jati

Jaya Murcita        :     Oh.. dewa..dewa. tulungana raganing wang. Ya piye carane rina pantaraning ratri mung tansah gumana mosik ing pangangen angen citrane Bratajaya. Witneng winodya kuning kang pangawak anggana sari, baya mirah kang sela pindha mustika intene pun kakang, wong ayu..wong ayu. Sawang purnama cahyamu, sidik sorotmu mantesi, gumebyar gilar-gilar tejamu mimbuhi, sutra tigya mirah ingsun wijoan karya lelungit. Ngrenggani liring sasmita, mirah pepujanku kang sawang retna pangesthi. Nadyan geger walik watu jagad iki, ora lega yen ta aku ora bisa ngregem katresnane Bratajaya.

Iringan srepeg pelog, Jaya Murcita kaentas ke kiri, candhakan Patih Jaya Lengkara. Sirepan.

Jaya  Murcita       :     Kakang patih Jaya Lengkara.
Jaya Lengkara     :     Kawula noknon, wonten timbalan ingkang adhawuh sinuwun miji ingkang abdi pun Jaya Lengkara?
Jaya Murcita        :     Dina iki mangkata marang Madukara, nggawaa pisungsung rajabrana, mas, inten sapanungalane. Aturna nawala iki marang raden Arjuna.
Jaya Lengkara     :     ngestokaken dhawuh. Kepareng kula bidhal dinten menika.
Jaya Murcita        :     Aja kaya bocah, mangkata muga antuk karya.



I.  JEJER KASATRIYAN MADUKARA

Gendhing Lobong, kethuk 2 kerep minggah ladrang, laras sléndro pathet manyura.  Arjuna dan Sembadra tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Puntadéwa tampil dari kiri, berpelukan dengan Arjuna, kemudian tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Kresna tampil dari kiri, tanceb di belakang Puntadéwa pada gedebog atas.  Baladéwa tampil dari kiri, tanceb di belakang Kresna pada gedebog atas.  Sucitra tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Gendhing sirep, dilanjutkan janturan.





JANTURAN MADUKARA
            Swuh rep data pitana, pinurba purbaning kawasa. Binuka bebering carita, cinandhi careming budaya, andayani laksitaning lekas teteping darma. Anenggih ingkang rinipta ing kawi, Kasatriyan Madukara wastane.
            Watara tri yojana jembaring wewengkon. Winatesan kasatriyan Sawojajar miwah Bumi Rahtawu. Wewentehan wanguning wiwara rinengga sarwa asri, kacihna lamun wignya ingkang ayasa wisma kasatriyan.
            Puraya Madukara winangun joglo pinayu sirap galihing kestuba. Saka guru wreksa jatiwasesa, den ukir lunging gadhung rumambat manghayat minggah. Cinakep ukup selaka menur pinetha sekar terate kang nedheng megar. Umpak geng sela kumalasa pinatik akik wangun gambar peksi jiwa-jiwa. Jrambah jejobinan sela kartika tinalasah sela kaca, naratas prapteng talundhagan selam kresna, tatanane tinata miring, tinundha-tundha lir cinandhi. Palataran jembar kinembong pepasren sesekaran, nenggih kembang bakung tinunu pinggiring beji, sekar trate kumambang madyaning blumbang, mlati menur tuwin mawar jajar-jajar uruting banon, sekare abyor kadya rinonce-ronce.
            Luhuring pendhapi wonten teja wangkawa hangenguwung, kekuwunge nawung wilis, harebut praba kalawan soroting Hyang Pratanggapati. Punika sung sasmita lamun ingkang mangasrama wonten ing kasatriyan Madukara yekti satriya trahing witaradya ingkang kinacek sagung adasih.
            Lah sinten ta ingkang hangrenggani kasatriyan Madukara? Wenang sinebut dasanamanira, kekasih Raden Harjuna, Suparta, Indratanaya, Permadi, Pamade, Pamadya, Setya Margana, Palguna, Pandhusiwi, Pritasuta, Gudhakesa, Dhananjaya, Kumbaliali, Kiritin, Jisnu, Wibatsuh, Anaga ya Sang Mahabahu.
            Pramila kekasih raden Janaka tuhu satriya ingkang mumpuni ing saniskara, temah wenang sinebut tohjalining jagad. Pamadya mengku werdi panengahing Pandhawa. Suparta sayekti titising jin Suparta ing wanamarta. Setya margana tuhu satriya ingkang teguh ngugemi pangandika. Palguna krana lahirira nyarengi mangsa Palguna. Endratanaya sayekti satriya linangkung ingkang pinundhut putra ening Bathara Endra. Gudhakesa mengku werdi satriya sekti dadya pangejawantahe Hyang Nara senopatine suralaya. Dananjaya mengku werdi satriya ingkang dhemen dedana. Pandhu putra, atmajane Parabu Pandhu. Jisnu, punika pangejawantahe Hyang Wisnu ingkang binelah dadi Kresna lan Harjuna.wibatsuh ya Kiritin labet wenang hangratoni widodari sekethi kurang siji. Kekasih Anaga ya Mahabahu mengku werdi satriya gentur teteki, kasinungan kadikdayan linangkung ingkang sembada mbrastha satru murka.
            Kaloka kekuwunge kawentar karaharjane kasatriyan Madukara, krana kaprebawan katresnaning sang Harjuna  mring sagung kawulane ingkang rinengkuh rinangkul rinipta tataning kulawangsa. Sesantine sesanggen ingembat sami, samad sinamadan, sengkut sampat sawega hangudi suwuring kasatriyan Madukara.
            Kawimbuh sengseming raos Risang Harjuna dene garwa Putri Banoncinawi wus nggarbini handungkap sapta candra. Estining tekad nedya hangadani upacara siraman, parandene maksih wonten sandyaning raos. Krana pamintaning sang kusuma dewi. Marma gya ngrawuhaken ingkang raka nata Amarta, Sri nata kresna miwah Prabu Balarama.
SHENDHON PATHET NEM WANTAH
Nahanta srinarendra
Tedhak siniwaka O…….E…
Ing sitinggil sigra..O……
Lenggah ing dhampar dhenta
Pinalipit ing kencana
Pinatik mawa retna…O..
Sesemekanira babut pramadani..O…..O…..
Arjuna                  :     ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene paduka kanjeng kaka prabu Punta, kanjeng kaka prabu Kresna miwah kanjeng kaka prabu Baladewa kersa rawuh wonten ing Madukara. Rawuh paduka prasasat jawata tetiga ingkang arsa maluya bumi. Krana inggih paduka tetiga ingkang  minangka pepajaring manah kula. Kula pitaya bilih rawuh paduka tetiga badhe anjalari pajaring swasana ing Madukara.
Sembadra            :     rumangsa mlaku ing wanci panglong kepapag obor pepadhang. Muga rawuh ingkang sinuwun Ngamarta, Dwarawati lan Mandura katelune bakal maweh pepadhang lan katentreman.
Punta                    :     yayi Harjuna, pun kakang melu bombong dene sedhela maneh sira bakal momong putra ya wohing katresnanira ingkang samengko kakandhut garwanira. Sawijining kabungahan gedhe dene siadhi pinercaya dening hyang agung minangka sarana lestarine tumuwuh yayi.
Kresna                  :     adhiku dhi Harjuna, syukur sekethi jumurung dene ora ngilangake kekudangane rama prabu Basudewa rumuhun. Nyatane wiwit sira pinacangake duk maksih timur, gedhe kekudangane wong tuwa. Ya emane dene kanjeng rama prabu wis ora ngawuningani. Nanging yayi, ya bakal wiyose putramu mengko prasasat bisa anyembuh swargane kanjeng rama. Mula pun kakang melu bungah yayi.
Arjuna                  :     Ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa upami.
Baladewa             :     gedhe pangarep arepe pun kakang ing Mandura. Wiwit rikala dhaupe siadhi sira kekarone tak pondhong mubeng alun-alun Dwarawati, kanthi pangemban muga muga enggal bisa antuk turun kang bisa anyembuh kaluhuraning asma lan njunjung drajating dharah Mandura. Mula bareng pun kakang mireng pawarta lamun ora suwe maneh Sembadra bakal nglahirake putra, sumengka rawuhe pun kakang ing Madukara nadyan ta bebasan ora bisa udhu barang kang katon nanging udhuwa panemu saora-orane pandonga pamuji, supaya lahire jejabang ing besuke tanpa gethek tanpa ciri ya lahire ya batine yayi.
Harjuna                :     ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa upami.
Sembadra            :     iya-iya kaka prabu, muga dhawuhmu bisawa anetesi.
Punta                    :     mung wae mangkene Harjuna, marmane pun kakang daya-daya prapta, krana kodheng sotaning penggalih. ora liya aturira yayi kawuri, yaiku pamintaning  garwanira ingkang nyidham kaworan, samangsa tumapaking upacara sapta candra anggone weweg waja kepengin siniraman dening dhimas Arya sena. Mangka kaya kang wus sira sumurupi, dhimas Arya Sena mentar saka praja wus watara samadya warsa, ingkang nyatane hingga kalungguhan iki during ana pawartane dhimas.
Sendhon Penanggalan.
                                    Siyang pantara ratri
                                    Amung cipta pukulun O…
                                    Tan ana liyan kaheksi
                                    Mila katur,  ingkang cundha manik O….
                                    Rama dewaning sun E….

Arjuna                  :     dhuh kaka prabu jimat sesembahan kula. Inggih  perkawis menika ingkang andadosaken jibeg bebeging manah. Mendranipun kakangmas Bratasena ingkang prasasat anjalari pepes pangajeng-ajeng kula.
Punta                    :     dhimas Harjuna, jumbuh kalawan kahanan iki sira sun pundhut bisa legawa sabar narima ngadhepi lelakon iki yayi.
Arjuna                  :     Kaka prabu Dwarawati kula nyuwun dhawuh.
Kresna                  :     Arjuna, panjaluke Bratajaya kang kaya mangkono mau haywa nganti ngreribedi rasanira gedhening nuwuhake durgamaning tyasira yayi. Saka pangrasaning pun kakang ing dwarawati, panjaluk kang aeng tumrap wong kang weweg waja mangkono mau tuwuh saka moganing jejabang kang kinandhut. Amarga mangkene yayi, yuswane jejabang ing guwa garba kang wus ngancik sapta candra mau kena ingaran sungsang bawana balik, ingkang werdine wus sawega sangkep bakal weruh padhang hawa. Mangka, sejatine lamun nganti ana lelakon jejabang lahir ing yuswa pitung candra iku kena ingaranan bayi tuwa, ingkang sok kala mangsane bakal dadi tetungguling para titah yayi.
Arjuna                  :     kaluhuran dhawuh panuka, lakar mekaten pangajabing manah. Namung, lajeng kadi pundi dene yayi Wara Sembadra puguh kedah siniraman dening kakangmas Werkudara.
Kresna                  :     Kaka Prabu Mandura kados pundi?
Baladewa             :     saka pangrasane pun kakang Mandura mangkene yayi, gandheng nganti dina kalungguhan iki yayi Werkudara durung timbul prayogane disulihi wae. Apa yayi Puntadewa apa yayi prabu ing Dwarawati utawa menawa perlu pun kakang ing Mandura ingkang nyirami.
Sembadra            :     Kakang prabu, sing gedhe pangapuramu aku ora bisa anglakoni.
Baladewa             :     lho dhasarmu apa yayi?
Sembadra            :     Kakang, sadurunge aku tak matur nanging aja salah panampa. Sakawit aku meminta sih nugrahaning hyang agung kanthi nindakake tri ratya. Jroning alam heneng hening mau  katon sumunar cahyane Raden Bima kaya bisa madhangi jagad. Ya wiwit iku ora ana kang tak impi kejaba kepengin siniraman dening raden Panenggak.
Sendhon nem jugag
                              Hanjrah kang puspita rum
                              Kasiliring samirana mrik O….
                              Sekar gadhung, ko ngas gandanya O…
                              Maweh raras renaning driya O…O

Baladewa             :     hem..jagad wasesane ngabathara wayah bathara jagad. Yen mangkono apa baya lungane yayi Werkudara iki ana sambung rapete kalawan sasmitane hyang agung ingkang tinampa dening warasembadra. Janaka.
Arjuna                  :     kula wonten dhawuh.
Baladewa             :     apa siadhi wus mbudidaya ngupaya mendrane yayi Sena?
Arjuna                  :     estunipun kula sampun utusan Kakang Semar saanakipun angupadi mendranipun kakangmas, namung hingga ing wegdal mangke dereng wonten pawartosipun, krana Kakang Semar ugi dereng wangsul kaka prabu.
Baladewa             :     we lha dalah. Kula nuwun sewu, menapa yayi Punta ugi dereng pikantuk pawarta wonten pundi lenggahipun yayi Sena?
Punta                    :     tepung gelang kekalangan anggen kula nyebar wadya angluru pernahipun, parandene cabar tanpa karya kaka prabu.
Baladewa             :     Yayi Kresna piye yayi? Mangka menawa perkara iki yayi Sena ora enggal kundur, banjur kepriye lelakone adhimu sakloron iki?
Kresna                  :     kaka prabu
Baladewa             :     Piye yayi?
Kresna                  :     yayi Bratasena menika satriyaning negari ingkang kedah gadhah jejibahan awrat, inggih menika rumeksa dhateng katentremaning nusa bangsa lan negari, minggahipun dhateng katentremaning jagad raya. Makartining satriya ingkang tansah ngadhepi ewah gingsiring kawontenan kala wau, saget sembada menawi tansah angulir budi angudi undhaking  pakerti anggayuh wimbuhing kawruh. Lelampahanipun dhimas Werkudara ingkang kawuri mbok menawi kenging kinarya  ancer-ancer, rikala yayi Sena nggeblas tanpa pamit manjing  samodra, sinten ingkang andugi bilih lelampahan ingkang kados mekaten kalawau jebul tuwuh kanugrahan wujud kawruh kasampurnan saking sang Marbudyengrat inggih sang Ruci Bathara. Mila kaka prabu, ingkang rayi ing Dwarawati pitados sawetahipun dhateng pakartinipun yayi werkudara tilar ingkang tanpa pepoyan kala wau, tartamtu badhe wonten sambung rapetipun kalayan kawontenanipun tri bawana. Sak mboten botenipun dhimas werkudara gadhah gegebengan lan gegayuhan ingkang sinandi. Kula saha paduka naming saget meminta mugi timbulipun dhimas werkudara ing mbenjang saget anjalari jayaning rat pramundhita kaka prabu.
Ada-ada girisa jugag pathet nem
                              Tak kala Narpa Krena,
                              Tan  tulus anyakra ring
                              Resi wara Jahnawi suta E….
                              Kang munggah kalih ing rata
                              Teher tumyang ngakeni kang sarotama
                              Tan wartya magawe pupuh
                              Iguna sang resi rereh pandya tabar O….E….
Ada-ada Greget-saut Nem (dengan kombangan sèlèh lima), dilanjutkan Srepeg laras sléndro pathet nem.  Patih sabrang tampil dari kiri, menyembah, tanceb pada gedebog bawah.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Greget-saut Nem Jugag, kemudian dialog
Ada-ada greget saut nem
                              Ridhu mawur mangawur wurahan, 
                              Tengaraning ajurit gung maguru gangsa,
                              Teteg kadya butula O…
                              Wor panggriting turangga esti
                              Rekatak ingkang dwaja lelayu sebit O…..
Arjuna                  :     kula nuwun sewu kisanak, kawis tingal sumengka  rawuh jengandika, kepareng kula hanilakrami.
Jaya lengkara      :     nggih, nuwun amit pasang kaliman tabik tinebihna ing tulah sarik dhumawahna ing tawang towang. Menawi ndangu jasad kula, kula wingking saking negari Plangkawati, kekesedipun gusti kula Prabu Jaya murcita. Nami kula Patih Jaya lengkara. Kula nuwun sewu, menapa jengandika menika panengah Pandhawa ingkah kekasih Raden Janaka?
Arjuna                  :     nun inggih mboten klentu, kula pamadya Pandhawa
Jaya Lengkara     :     ala dalah ha..ha..ha..ha..
                                    Wah cocok karo kondhange, biyuh-biyuh.
Arjuna                  :     lajeng wonten wigatos menapa?
Jaya Lengkara     :     inggih.. saderengipun kula ngaturaken wigatosing lampah. Keparenga kula atur wuninga bilih sowan kula menika kula mbeta grobag cacah wonten tiga. Ingkang angka setunggal menika isinipun mas inten berlean, jemerut pinesthi her geni murub, menceb-menceb setunggal grobag. Dene grobag ingkang angka kalih menika isinipun wulu pametuning bumi, dene grobag ingkang angka tiga menika sutradi pepethingan saha busana ingkang sarwi endah.
Arjuna                  :     sedaya menika badhe kagem menapa?
Jaya Lengkara     :     lho..badhe kula pisungsungaken jengandika.
Baladewa             :     wah..ketekan wong loma.
Kresna                  :     dereng kantenan kaka prabu.
Arjuna                  :     inggih ngaturaken panuwun saderengipun. Lajeng wonten wigatos menapa kisanak rawuh wonten mriki?
Jaya Lengkara     :     inggih, estunipun kula badhe ngaturaken nawala saking ratu gusti kula kunjuk raden Janaka. Mangga kula aturi nampi.
Ada-ada greget saut nem
                              Bumi gonjang ganjing, langit kelap-kelap katon lir kincanging ngalis
                              Rising maweh gandrung sabarang kang kadulu O…
Arjuna                  :     kaka prabu menika kados pundi dene wonten babak anglayoni jujul hanusuli.
Puntadewa          :     kadiparan dhimas Arjuna?
Arjuna                  :     suraosing kintaka narendra ing Plangkawati minta rayi paduka yayi Wara Sembadra arsa ginarwa. Menawi kula hangukuwi, Madukara arsa ginawe karang jingga kaka prabu.
Baladewa             :     Iblis laknat.
ADA-ADA GREGET SAUT NEM (BALADEWA NESU)
                              Jaja muntab lir kinetap duka yayah sinipi
                              Jaja bang mawinga-winga
                              Kumejot pardoning lathi O….
                              Netra kocak ngondar-andir
                              Kerot-kerot kanang waja idepnya mangala cakra O…..
Baladewa             :     iblis laknat, setan memba manungsa. He.. Jaya Lengkara.
Jaya Lengkara     :     lho paduka menika sinten?
Baldewa               :     lekna mripatmu jerengen gobogmu, aku nata Mandura Prabu Baladewa.
Jaya Lengkara     :     wonten kersa menapa dene paduka nyaru wuwus pirembagan menika?
Baladewa             :     Iblis laknat. Apa pancen wis kandel kulite ratumu gustimu ngarepake wara sembadra. Baladewa sing ora ngliladi. Janaka Sembadra menenga. Cukup aku sing mangsuli.
Jaya Lengkara     :     lho paduka menika keprenah menapa?
Baladewa             :     ora susah kakehan crewet. Sing baku ora entuk adhiku dilamar karo ratu gustimu menungsa sing nungsang puyang budine.
Jaya Lengkara     :     menawi mboten pikantuk, nuwun sewu grobag kala wau kula beta wangsul.
Baladewa             :     gawanen bali nggo abrag apa. Gawanen mulih. Kandhakna ratu gustimu, bisa mboyong Wara Sembadra yen wus bisa ngrubuhne Ratu Mandura.
Jaya Lengkara     :     wadhuh, pinandhi sowan kula ing Madukara pinanggih wong kendel, bingah manah kula.
Baladewa             :     raminggat tak juwing-juwing kuwandhamu.
                              (Jaya lengkara lunga)
Sampak laras sléndro pathet nem.  Jayalengkara dientas ke kiri.  Iringan suwuk, langsung dialog.

Baladewa             :     trayoli binantang. Ana wong mikir wong arep bayen malah…upama ta gelem tenan kalebu wong cluthak Jaya Murcita.
Puntadewa          :     kaka prabu kula aturi ngrakit tirtaning kesabar
Baladewa             :     sabar-sabar kados pundi..
Kresna                  :     perkawis menika namung wonten pun Janaka
Arjuna                  :     kaka prabu, raosing manah kula kabanda ing raos pangraos. Namung sareng sampun lerem, tumunten sumendhe keparenging kawasa, mbok menawi tuwuhing reribedan menika kala wau mboten uwal saking pamerdining Hyang wisesa dhateng pun Janaka, ingkang leregipun kinen amasuh dhiri ngagengaken prihatos. Mila saking menika kaka prabu keparenga paduka lenggah ing Mdukara anjurung puji murih yuwananing lelampahan menika.
Kresna                  :     yayi Arjuna ya pun kaka melu jumurung.
Puntadewa          :     yayi Janaka hiya.
Arjuna                  :     patih Sucitra, mangsa bodhowa nggonmu ngrapetake pabarisan aja kongsi kena tinrabas dening mungsuh.
Patih Sucitra        :     adhuh ngestokaken dhawuh paduka, kepareng lengser ing paseban.
Arjuna                  :     aja kaya bocah cilik lakumu.
Ayak-ayakan laras sléndro pathet nem.  Kresna dan Puntadéwa dientas ke kiri.  Baladéwa dientas ke kiri.  Arjuna dan Sembadra dientas ke kanan.  Sucitra menyembah, dientas ke kiri.
Kresna dan Puntadéwa berjalan ke kiri.  Baladéwa berjalan ke kiri.  Ayak-ayakan seseg beralih menjadi Srepeg laras sléndro pathet nem, disekat dengan kayon.

II.  ADEGAN PASÉBAN JAWI

Srepeg laras sléndro pathet nem.  Baladewa tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Setyaki tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Pragota tampil dari kiri, me­nyembah, tanceb di belakang Setyaki pada gedebog bawah.  Sucitra tampil dari kanan, menyembah, tanceb di belakang Pragota.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Greget-saut Nem, kemudian dialog.

Setyaki:             Kaka Prabu, ingkang rayi Swalabumi cumadhong dhawuh.
Pragota:            Hé hé ha ha ha . . . kadospundi Sinuhun, menapa sampun wonten tandha-tandha Gusti Ayu Wara Sembadra badhé mbabar putra, lha . . . ?  Manawi tetéla sampun wanci­nipun . . . manawi dipun-kaparengaken sémah kula badhé ndhèrèk reréncang, krana awon-awon nggih dhukun bayi.
Baladéwa:         Kowé aja guyon, Pragota!  Tumrap lelakon iki bojomu ora kanggo nggawé.
Pragota:            Ho ho ho . . . tiwas ‘pun sangu ikrak kalih nggawa welat.  Ho ho ho . . . karepé nggih badhé ndhèrèk cawé-cawé.  Ho ho ho . . . bojo kula niku sregep kok, gawéné tetulung . . . ampun malih tiyang, kucing manak mawon diwelati dhéwé, ha ha ha . . . .
Baladéwa:         Ora urus.  Pragota, menenga!  Setyaki!
Setyaki:             Kula, Kaka Prabu?
Baladéwa:         Matumpa-tumpa reruweting Kasatriyan Madukara . . . Yayi Wara Sembadra nyuwun disirami Yayi Wrekudara, mangka Yayi Séna méntar saka kasatriyan wus sawatara candra.  Kadadak mbarung sinang utusané ratu Plangka­wati Prabu Jayamurcita nedya nglamar Wara Sembadra, mangka kanthi pangancam bakal ngebyuki bathang sayuta.  Coba . . . rasakna!  Ora melèk mripaté wong Plangkawati, cetha wis sumuk nyawané.
Sucitra:              Sinuhun, Paduka kaparenga éca lenggah.  Kados sampun samesthinipun manawi pun Sucitra saha para prajurit ingkang rumagang damel.
Baladéwa:         Setyaki, Sucitra kang prayitna ngati-ati!
Setyaki:             Ngèstokaken dhawuh.
Sucitra:              Mundhi dhawuh, kaparenga amit madal pasilan.

Ada-ada Budhal Mataraman.  Sucitra menyembah, dientas ke kiri.  Dilanjutkan pocapan.

Wus sawéga sanggya pra wadya, Patih Sucitra gya nembang tengara. Budhaling prajurit adhampyak-dhampyak, kawistingal abra tropongira.

Lancaran Tropong-bang, laras sléndro pathet sanga.  Pragota menyembah, dientas ke kiri.  Setyaki bersama Baladéwa dientas ke kiri.  Sucitra tampil dari kanan, memanggil pasukan; ampyak berjalan ke kiri; Sucitra dientas ke kiri.  Setyaki tampil dari kanan, memanggil pasukan; ampyak berjalan ke kiri; Setyaki dientas ke kiri.  Pragota kiprah tiga sekaran, berjalan ke kiri.  Setyaki naik kuda; jaranan tiga sekaran, dientas ke kiri.  Disekat kayon, irama seseg.

III.  ADEGAN PAKUWON MADUKARA

Lancaran Tropong-bang irama seseg.  Jayalengkara tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Togog dan Bilung tampil dari kiri, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Greget-saut Nem, kemudian dialog.

Jayalengkara:   Togog!
Togog:               Wonten dhawuh?
Jayalengkara:   Bilung!
Bilung:              Saya . . . Juragan.
Jayalengkara:   Wah wah wah . . . aku lagi ngandel . . . jebul bener kandhamu wingi kaé Gog . . . Madukara dipageri pipit.  Ratu Mandura, ratu Dwarawati, ratu Ngamarta padha ana kono, Gog.
Togog:               Wo . . . dadi Sampéyan ‘pun semerep Prabu Baladéwa, kakangané Dèwi Wara Sembadra niku?
Jayalengkara:   Ora mung weruh, ning aku wis tantang-tantangan, Gog.
Togog:               Sampéyan wani adu sakecap kaliyan Prabu Baladéwa?
Jayalengkara:   Wani . . . dak-wedèni apané.
Togog:               Wooo . . . lha njaluk ora lulus Sampéyan.
Bilung:              Oooalah . . . sangu ming cumpèn kok senengané nantangi uwong . . . engko nèk kalah terus nyekelké kacamata.  Ngaten lhé ‘Dèn . . . Baladéwa niku wong boten kena tantang, gawéné njotosi uwong.  Mila nèk kira-kira biaya menipis . . . ‘ngga ndang mantuk mawon!
Jayalengkara:   Kowé aja ngina marang aku!  Aku dadi duta kudu mungkasi.  Baliku kudu mboyong Dèwi Laraireng.
Togog:               Ha nèk pancèn wani, ampun wedi . . . nèk wedi ampun wani-wani!
Jayalengkara:   ‘Gog, dhawuhna prajurit sikep gegaman, dak-labraké wong Madukara.

Srepeg laras sléndro pathet nem.  Jayalengkara, Togog, dan Bilung dientas ke kanan.  Jayalengkara, Tumenggung, Jolodong, Cakil, Prepat, dan Galiyuk berjalan dari kiri ke kanan satu per satu.
Jayalengkara dari kiri berpapasan dengan Setyaki dari kanan, tanceb berhadapan.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Greget-saut Nem, kemudian dialog.

Jayalengkara:   Ngaglah nungka lakuku, sapa kowé?
Setyaki:             Satriya Swalabumi, Setyaki.
Jayalengkara:   Warangka nata Plangkawati, kèsèté gustiku Prabu Jaya­murcita, Patih Jayalengkara.
Setyaki:             Géné ya mung kèsèt.
Jayalengkara:   Apa abamu!  Ayo, lèkna mripatmu . . . iki duta mungkasi, baliku kudu antuk gawé mondhong Wara Sembadra.  Mula aja pethitha-pethithi, ayo . . . minggira!
Setyaki:             Cetha yèn tekamu arep pamèr kandeling kulit atosing balung, sugihing bala.  Apa mbok kira aku wedi ngadhepi manungsa kang murang tata.
Jayalengkara:   Wha lha dalah . . . pancèn iki sing dak-entèni.  Sesegna ngarep, kobètna mburi, mung bandha kuwanèn, kecandhak sempal-sempal baumu.

Srepeg laras sléndro pathet nem.  Jayalengkara berperang dengan Setyaki, Jayalengkara kalah.  Jayalengkara mundur, tanceb di gawang kiri.  Togog tampil dari kiri, tanceb di depan Jaya­lengkara.  Iringan suwuk, kemudian dialog.

Jayalengkara:   Wah wah wah . . . édan tenan.  Semrepet sirahku kliyeng-kliyeng, ‘Gog.
Togog:               Ha niku nembé Setyaki, dèrèng Prabu Baladéwa.
Jayalengkara:   Wah, wongé cilik ning tangané anteb kaya linggis, ‘Gog.  Dak-antem ora digawé rasa, mung méncap-mèncep disambi udut.
Togog:               Udut napa?  Wong boten éntuk rokok.  O . . . pripun, taksih wantun?
Jayalengkara:   Sumingkira!  Madal pusakaku dak-guroni, ‘Gog.

Sampak laras sléndro pathet nem.  Jayalengkara melepaskan panah, tidak mengenai Setyaki tetapi justru mengenai Bala­déwa.  Baladéwa marah, mengejar Jayalengkara.  Jayalengkara lari ke kiri ketakutan.
Kresna tampil dari kanan, mencegah Baladéwa; iringan beralih menjadi Ayak-ayakan laras sléndro pathet nem.  Kresna dan Baladéwa dientas bersama-sama ke kanan.  Kayon tanceb di tengah kelir, iringan suwuk, dilanjutkan pocapan.

Anggemprang lumajar tanpa prenah, Patih Jayalengkara jrih pangamuking nata Mandura.  Nengna kawuwusa gantya cinarita, ingkang mapan ing Kahyangan, yayah peksi kineplokan.

IV.  ADEGAN KAHYANGAN JONGGRINGSALAKA

Ladrang Peksi Kuwung, laras sléndro pathet nem.  Bathara Guru tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Bathara Naradha tampil dari kiri, sembah karna, tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Bathara Widayata tampil dari kiri, menyembah, tanceb di belakang Naradha.  Iringan suwuk tamban, dilanjutkan Pathet Nem Jugag, kemudian dialog.

Guru:                 Kakang Naradha, agenging ruhara jagad ingkang tuwuh saking subrataning titahulun Bimaséna, ambuka wiwara mrih padhanging jagad.  Karana èsthining tékad Wreku­dara anggayuh mulyaning turun, amrih sembada dadya pangayom jejering adil.
Naradha:           Makaten ‘Dhi?
Guru:                 Inggih Kakang.
Naradha:           Nuwun sèwu, lajeng kapareng Paduka Adhi Guru kadi­pundi, déné anyaketaken pisowaning Bathara Widayata?
Guru:                 Nuwun inggih Kakang, sedya ulun nedya ngandhapaken kanugrahan.  Rèhning sampun tinumbas déning meleng­ing yogabrata titahulun Wrekudara, pramila èsthining manahulun muhung Bathara Widayata ingkang pantes anyarira wahyuning kamulyan saha drajat naréndra, tumrap tedhak turasipun Bimaséna.

Naradha     :      Ha ha ha . . . dahat kaluhuran dhawuh Paduka Hyang Giripati.  Nggèr Widayata, apa jenengkita wus andungkap lan sawéga anyarira wahyuning kamulyan?
Widayata:         Pukulun, idheping tékad namung sumarah kaparenging kodrat dhumawahing pepesthèn.
Guru:                 Widayata!
Widayata:         Wonten timbalan ingkang adhawuh.
Guru:                 Kepriyé mungguh gelenging tékadira lamun sira nyarira wahyu?
Widayata:         Dhuh Pukulun . . . manawi jejibahan sampun sinangkul­aken ing pundhak kula, yekti kula badhé makarti, nyarira luhur, ngreksa kaluhuran, saha milala kaluhuran.  Nyata manawi wadhah ingkang awujud titah Paduka Bimaséna mapan sampun jumbuh, jer mahambeg sumur pinetak hanjalasutra.  Liripun jero kanepsonipun saha alus bebudènipun, ingkang sembada dadya lantaran linuhur­aken ing dumadi.

Ada-ada Greget-saut Nem, dilanjutkan dialog.

Guru:                 Yèn mangkono kandel kapitayanulun marang jenengkita.  Prayoga tumuli budhala!
Widayata:         Kaluhuran dhawuh.  Pukulun Naradha, kula nyuwun pamit.
Naradha:           Ya iya . . . kang prayitna, ya nganti sisip!

Srepeg laras sléndro pathet nem.  Widayata menyembah, dientas ke kiri.  Bathari Durga tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Iringan suwuk, dilanjutkan Pathet Sanga Wantah, kemudian dialog.
Durga:               Pukulun . . . èsthining manah boten tarimah, awit pangwaosing titah ingkang satuhu boten prenah, inggih punika titah Paduka pun Wrekudara.  Tanpa mendha anggènipun mesu brata ing Wana Krendhayana, daya­nipun nggeteraken swasana.  Daya panas ingkang sumebar kéblat wana, amrawasa alaming lelembut.  Dhuh Pukulun, ingatasipun subrata­ning Bimaséna damel sangsaraning asanès, kénging menapa malah badhé Paduka paringi ka­nugrahan ingkang tanpa upami?  Katitik andhaping Bathara Widayata ingkang sampun Paduka tetepaken minangka jatining kanugrahan.  Ingkang makaten ing pundi dununging adil, Pukulun?

Ada-ada Sanga Jugag, dilanjutkan dialog.

Naradha:           Wa . . . angger katekan wong siji iki, adat lupiya bisa malih kéblat.  Muga-muga ora.  Kadospundi Adhi Guru, lekas­ipun Durga teka makaten?
Guru:                 Yayi Pramoni, nadyan ulun wenang maringaké wahyu, nanging boya sawenang-wenang kang tanpa pamilih.
Durga:               Nyatanipun pendhak kanugrahan awujud menapa kéwala tansah tinampi déning Pandhawa.
Guru:                 Kabèh mau tuwuh saka pambudidayané dhéwé.  Lamun sira uga kepéngin anggayuh, yekti mung gumantung gedhéning tékadira.  Yèn rosa pambudiné, nadyan kanthi cara kepriyé waé, yekti bakal kasembadan.
Durga:               Manawi makaten kaparenga kula nyuwun pamit, Pukulun.

Sampak laras sléndro pathet sanga.  Durga menyembah, dientas ke kiri.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Naradha:           Hala dalah, ha ha ha . . . .  Dhasar déwaning dhemit, diwènèhi dalan, kemrisik tanpa kanginan.
Guru:                 Kakang Naradha, punika kapara minangka pangasah pangungkal tumrap Brataséna.  Kajawi punika suwawi Kakang Naradha ulun aturi anjampangi andhaping Widayata.  Sinartan andhawuhna pepalining kanugrahan dhateng Brataséna, manawi catur dasa hari yekti tan keni cecaketan wanodya, Kakang.
Naradha:           Kasinggihan dhawuh Paduka Hyang Jagadnata, mugi rinilan rakanta amadyapada.
Guru:                 Mugi ingkang sedya rahayu tansah manggih rahayu, Kakang.

Srepeg laras sléndro pathet sanga.  Guru dientas ke kanan, Naradha dientas ke kiri.
Durga tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Durgangsa tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Sanga Jugag, kemudian dialog.

Durgangsa:       Kangjeng Ibu . . . , ingkang putra Durgangsa cumadhong dhawuh.
Durga:               Sodhé selikur dina . . . ora mung pun ibu kang bungah, nanging sira Kulup uga bakal ngrasakaké.
Durgangsa:       O . . . menapa panyuwun kula babagan wahyu kamulyan dipun-kaparengaken déning Sang Hyang Jagadnata?
Durga:               Nadyan ora melok, nanging semuné Sang Hyang Giripati maringi dalan supaya ulun ambudidaya ngetog karti­sampéka.
Durgangsa:       Lajeng sarana menapa lan margi kadospundi?
Durga:               Dina iki Bathara Widayata ya sariraning wahyu kamulyan wus kabanjur kaparingaké Wrekudara.  Mula saka iku aja wedi kangèlan, temonana si Bimaséna, jaluken srana alus!  Éwadéné dikukuhi, pamrihen cilik lara gedhé tumekaning pati!
Durgangsa:       O, lha dalah . . . lega raosing manah kula.  Sampun gatel siyung kula kepéngin ngokop getihé Wrekudara.
Durga:               Mung waé sing prayitna . . . nitik saka prabawané kang tuwuh saka genturing tapa, kaya ora kena sinangga ènthèng si Wrekudara.
Durgangsa:       Sepinten bangganipun Kakang Wrekudara, manawi Paduka Kangjeng Ibu kersa amayungi lampah kula.
Durga:               Dadiya cucuking laku, pun ibu kang nyembuh daya kekuwatan.

Srepeg laras sléndro pathet sanga.  Durga dientas ke kanan, diikuti oleh Durgangsa.  Kayon tanceb di tengah kelir, iringan suwuk, dilanjutkan Pathet Sanga Jugag, kemudian pocapan.

Lah ing kana ta wau, ratri wus lingsir, sonya sepi lir sepah samun.  Jroning wanadri peteng ndhedhet lelimengan, swasana kang mangkana kadi ‘sung pepènget kang nedheng wudhu ing karsa.

V.  ADEGAN TENGAH WANA

Gendhing Larawudhu, kethuk 2 kerep minggah Ladrang Clunthang, laras sléndro pathet sanga.  Wrekudara tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Semar tampil dari kiri, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Garèng, Pétruk, dan Bagong tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Iringan sirep, dilanjutkan janturan.

Remu-remu sunaring baskara tan kawawa narabas keteling patra, singuping wanadri.  Bebanjengan kang gurda myang randhuwana, ginubet gegrumbul anutupi guwa.  Gumerah gumuruh swara kang anggegirisi, sinambet panggeroning singa hanggemprong, mimbuhi geter sèsining wana.  Dhasar ing kono dhangkaning drubiksa, bajobarat, brekasakan, singa wulu, singa siyung, singa buntut, tan kantun banaspati kang areraton.
Nadyan wana gawat kaliwat parandéné ana titah kang anjarag nempuh bebaya, nyabrang pepati, nenggih panenggak Pandhawa Risang Bimaséna.  Wingiting wana, kridhaning sato, miwah jailing lelembut malah anjurung santosaning tékad nggènnya angudi kanugrahan.  Ing sedya wus geleng, tyasira wus gilig, angudi mulyaning turun, kawibawa­ning putra-wayah.
Wanter pamesuning subrata, tutup tri-ratya, pinurwa purwaning angga, semadi maladi hening manjing jro alam luyup.  Wus piyak kang warana, mengkeraken jagading rasa-rumangsa, manjing jagading rasa-pangrasa, mawèh daya geter ing antariksa, kawawa angirup pepadhang, nenggih jatining Bathara Widayata manjing mring Sang Wrekudara.

Sampak laras sléndro pathet sanga.  Widayata menyatu dengan Wrekudara.  Naradha tampil dari kiri atas, tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Semar pindah tanceb di belakang Wrekudara pada gedebog atas.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Sanga Jugag, kemudian dialog.

Naradha:           Ooo pregénjong, ha . . . putuku . . . wa . . . hayu niskala, sira wis kasembadan Nggèr . . . Séna.
Wrekudara:      Hem . . . .  Wudhar nggonku semèdi, pangrasaku kaya ketiban rembulan, marengi rawuhé Naradha kakèkku, aku ngaturaké panuwun.
Naradha:           Ya iya Nggèr, Wahyu Widayat wus sajiwa klawan sira.
Semar:               É . . . Naradha, kowé padha slamet?
Naradha:           Lho, Kakang Semar ta iki?
Semar:               Mosok kowé lali?
Naradha:           Wa . . . lha layak, hawané tekan Suralaya gawé kedher, jebul kowé sing ndhèrèkké Brataséna.
Semar:               É iya, pancèn aku sing nunggu.
Garèng:             Kakèkné sarombongan niki saniki nggih mung endi sing sela . . . nggih sok ndhèrèk ngriki, nggih ngrika.
Naradha:           Garèng, Pétruk, Bagong barang kok ya mèlu?
Pétruk:              Witékna . . . wong niki sak-grup kok.
Naradha:           Ya sokur yèn ngono.  Lha iki ngéné Wrekudara.  Saangèl-angèlé wong golèk wahyu mono, isih angèl nggoné rumeksa supaya lestari krasan manggon ana kono.  Adhakan kang uwis, uger wahyuné mudhun, ing kono dbarengi tekaning godha rencana.  Déné godha rencana mono, samubarang kang bakal nggagalaké marang ge­gayuhan sakawit.
Wrekudara:      Naradha kakèkku, iya.
Naradha:           Mangka godha rencana mau mapané ora adoh saka urip kita, yaiku dumunung ana telenging cipta rasa budi karsa.  Mula ulun pepuji, muga-muga kita kuwat kadunungan wahyu.
Wrekudara:      Pangèstumu dak-pundhi, Pukulun.
Naradha:           Tetepa sira dadya adeg-adeg pepayunging kautaman.  Jroning patang puluh dina iki kita aywa cecaketan lan wanita, pamrihé dimèn wening indriya kita, supaya mahanani lereming wahyu mapan ing angga kita.
Wrekudara:      Dak-pundhi dhawuhmu.
Naradha:           Wis kariya basuki, ulun makahyangan.  Kakang Semar, aku njaluk pamit.
Semar:               É . . . iya, ‘ji-pinuji.
Naradha:           Garèng, Pétruk, Bagong, kepénakna!
Garèng:             Inggih.
Pétruk:              Inggih.
Bagong:             Nggih, Pukulun.

Sampak laras sléndro pathet sanga.  Naradha dientas ke kiri atas.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Semar:               nDara, ndara kula . . . ndara kula éntuk wahyu.
Wrekudara:      Waaa . . . Semar!  Dak-trima kowé mèlu nyembuh daya kekuwatan.  Samangsa tedhak turunku nemu kamulyan, kowé njaluk apa, Semar?
Semar:               É . . . kula tak-nyemar mawon.
Wrekudara:      Garèng njaluk apa?
Garèng:             Kula nyuwun damelan, dados tunawisma.  (Bisa dilanjut­kan humor secukupnya.)
Semar:               Kula mung mbalèni tembungé Naradha nggih Gus.  Wiwit dina niki nganti saterusé . . . nDika kudu ngulinakaké panggalih sabar, bèrbudi bawaleksana, lila ing bandha legawa ing pati, ampun panasbaran.  Èngeta tembang Mijil:  “Dedalané guna lawan sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasané, tumungkula yèn dipun-dukani, bapang dèn-simpangi, ana catur mungkur.”
Wrekudara:      Yèn ana klèruning anggonku tumindak, élikna ya Kakang!
Semar:               É enggih, niku ‘mpun kwajiban kula.  Malah prayogané énggal kondur mawon . . . mengké ‘ndhak cepak bilahiné.
Srepeg laras sléndro pathet sanga.  Wrekudara dientas ke kiri, diikuti Semar, Garèng, Pétruk, dan Bagong.
Wrekudara tampil dari kanan bertemu dengan Durgangsa, tanceb berhadapan.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Sanga Jugag, kemudian dialog.

Durgangsa:       Hé . . . Kakang Wrekudara, mandhega!
Wrekudara:      Ana apa, Durgangsa?
Durgangsa:       Nitik guwayamu kang mancorong, genah kowé mentas antuk nugraha.
Wrekudara:      Sakarepmu nggonmu ngarani.  Tumrap Wrekudara, wahyu mono tetunggalan klawan jatining urip.
Durgangsa:       Uripmu wus mengku Wahyu Widayat ya wahyuning ratu kang mengkoni kamulyan.  Apa mbok kira aku ora ngerti?
Wrekudara:      Yèn ngerti arep apa?
Durgangsa:       Rèhning nugraha kang mbok tampa linambaran nyikara marang wadya lelembut, ‘marga saka nggonmu mapan ing wewengkonku, mula saiki bayaren pitukoné!
Wrekudara:      nJaluk dituku apa?
Durgangsa:       Éntuk ora éntuk wahyuné dak-jaluk!

Ada-ada Greget-saut Sanga, Wrekudara terkejut.

Wrekudara:      Waaa . . .  Aku ora kanthi sengaja gawé sengsarané bala­mu.  Panandhangé wadya-balamu kuwi dadi pratandha yèn brekasakan mono ‘sor prabawa klawan manungsa kang kandel kapitayané.
Durgangsa:       Ho ho . . . .  Aja mejang kaya brahmana!  Yèn ora mbok ulungaké, sida mulih kari aran.
Wrekudara:      Ora minggat klakon dadi endheg pangamun-amun!
Durgangsa:       Majua sajangkah, dak-gaglag limpamu!

Sampak laras sléndro pathet sanga.  Wrekudara berperang dengan Durgangsa; Durgangsa kalah.  Durga tampil dari kiri, tanceb.  Durgangsa mundur dari kanan, tanceb menghadap Durga.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Durgangsa:       Wadhuh, kaya gajah karosané Wrekudara.  Adhuh Pukulun, kula nyuwun biyantu.
Durga:               Ora mèmper banget . . . buta sagunung gedhéné, mungsuh Wrekudara waé lha kok dadi sambaté ngaru-ara.
Durgangsa:       Wadhuh, jan . . . sikilé kados wesi, ndugang dhadha ngantos mutah ‘ping tiga.
Durga:               ‘Bat-tobat . . . Wrekudara, aja girang, tampanana wasésa-ulun!

Sampak laras sléndro pathet sanga.  Durga dan Durgangsa dientas ke kanan.  Durga dari kiri bertemu dengan Semar, Durga lari ke kiri.
Adegan Wrekudara dihadap Semar, Garèng, Pétruk, dan Bagong.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Wrekudara:      Waaa . . . tujuné ana Kakang Semar.  Upama ora, aku dadi apa.
Semar:               Mula wong èlèk ngèten niki kalamangsa nggih ènten gunané, kala-kala nggih metu dayané.  Nèk sing kothok onggrok niku mpun nesu, boten ènten sing diwedèni kajaba ming kula.
Wrekudara:      Waaa . . . , hiya.  Wiwit iki Semar dak-dadèkké kerta­wadana.
Semar:               É, ‘dha rungokna kupingmu!
Pétruk:              Wah, digugu pisan ngono waé . . . mengko rak terus njaluk undhakan.
Semar:               ‘Dèn, saka pangrasa kula, godha sing wujud Kala Durgangsa lan Durga niku isih luwih mayar, gampang nggoné nggusah lan ngipataké.  Ning adhakané wong nampa wahyu niku cobané saya suwé saya gedhé, tur saya angèl nggoné ngudhari, saya rekasa olèhé tumindak.
Wrekudara:      Ayo ndang bali waé!
Semar:               Sing ngatos-atos, ‘Dèn.

Srepeg laras sléndro pathet sanga.  Wrekudara, Semar, Garèng, Pétruk, dan Bagong dientas ke kiri.  Disekat kayon, iringan beralih menjadi Ayak-ayakan laras sléndro pathet sanga.

VI.  ADEGAN KASATRIYAN MADUKARA

Ayak-ayakan laras sléndro pathet sanga.  Arjuna dan Sembadra tanceb di gawang kanan pada gedebog atas.  Puntadéwa, Kresna, dan Baladéwa tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Wrekudara tampil dari kiri, tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Iringan suwuk, dilanjutkan Pathet Sanga Jugag, kemudian dialog.

Arjuna:              Kakangmas, pangabekti kula katur.
Wrekudara:      Jlamprong, dak-tampa.
Puntadéwa:      Tinemuné rahayu, pinayungan Hyang Wisésa, si Adhi wus timbul.
Kresna:              Sumunar cahyané Yayi Séna, mahanani bombonging para kadang.
Wrekudara:      mBarep kakangku lan Kakang Kresna, dak-trima kabèh pangandikamu.
Baladéwa:         Wa . . . Séna, nadyan pun kakang uga mangayubagya baliné si Adhi.  Nanging sawatara rada cuwa, déné sira Yayi lunga tanpa pepoyan.
Puntadéwa:      Mara gagé tutura, si Adhi menyang ngendi déné tanpa paliwara?
Wrekudara:      Waaa . . . , sadurungé aku njaluk pangapura, déné lungaku gawé ribet para kadang.  Nanging sumurupa, mantheng­ing gegayuhanku nalika samana dak-sengaja aja nganti kawruhan sapa waé, pangajabku supaya mindeng gegayuhanku.
Kresna:              Banjur si Adhi darbé sedya apa?
Wrekudara:      Kasurung derenging ras netepi darmaning urip nggonku rumangsa dadi wong tuwa, napakaké tedhak turunku supaya mbésuké nemu kamulyan.
Puntadéwa:      Apa si Adhi wus antuk pituduh saka Hyang Maha Wenang?
Wrekudara:      Antuk pangèstumu kabèh, Wrekudara wus kasembadan.  Malah Déwa Naradha dhéwé kang mratélakaké yèn aku wis antuk Wahyu Widayat, ingkang dayané ing mbésuk tedhak turunku bakal dadi pepayunging para kawula.

Pathet Manyura Wantah, dilanjutkan dialog.

Puntadéwa:      Sekethi jumurung, pun kakang banget rena, Yayi.
Arjuna:              Kula ndhèrèk meminta mugi dayaning kanugrahan sageda sumrambah, Kakangmas.
Wrekudara:      Ya, manut kandhané Kakang Semar, jaréné padha ngantu tekané Wrekudara ana Madukara?
Arjuna:              Nuwun inggih kasinggihan.  Kajawi raos bekti kula dhateng Paduka, ugi sinurung raos bingah . . . manawi anggèn kula badhé ngadani siraman tinenggan déning para pepundhèn lan jangkeping para kadang Pandhawa.
Wrekudara:      Waaa . . . ya aku ora maido, pancen senenging ati ora kaya wong kang bakal duwé anak ngandhut sepisanan.
Arjuna:              Ngaturaken panuwun, Kakangmas.  Pramila sanget pangajeng-ajeng kula, karana inggih namung Kakangmas ingkang sembada minangka pepayung amrih yuwananing lekas, nyembada­ni panyuwun kula.
Wrekudara:      Waaa . . . kok sajak ana wigati?  Gagé matura, apa kang bisa dak-tindakaké!
Arjuna:              Walèh-walèh menapa, èstunipun sampun sawatawis Wara Sembadra anggadhahi panyuwun, ingkang panyuwun kala wau namung Kakangmas ingkang kedah mitulungi.  Mangka pamothahing wanodya ingkang anggarbini menika, manawi boten kasembadan adat lupiya badhé cinaket ing walang-sangker.
Wrekudara:      Hem . . . .  Yèn pancèn Brintik nyidham kaworan kepéngin mangan woh-wohan kang langka, gedhéné atining buron alas kang aèng, Wrekudara ora wegah munggah gunung mudhun jurang.  Gagé, kandhaa . . . Jlamprong!
Arjuna:              Ngaturaken gunging panuwun.  Namung kéwala pangidham-idhaming Wara Sembadra sanès wujuding dhedhaharan, nanging lumadi­ning upacara siraman kapéngin lan kumacèlu nyuwun gungan, parikedah Paduka Kakangmas ingkang anindak­aken.

Sampak laras sléndro pathet manyura, Wrekudara terkejut.  Iringan sirep, dilanjutkan janturan.

nJegreg datan mosik Risang Bimaséna, mengeng manaputi, kagyat ing ndriya labet pamintaning Wara Sembadra.  Sapandurat tan bisa ngucap, sakedhap ènget mring pepali dhawuhing déwa.  Marma ing tyas linglung dumunung ing marga éwuh, tan wikan kang arsa linampahan.  Jibeg bebeging ‘nggalih krana awrating pamilih.  Tan kawijil wuwusé, mung gereng-gereng ngoregné bantala.

Sirepan ditimpali Ada-ada Greget-saut Manyura, kemudian dialog.

Arjuna:              Kaka Prabu, sanget boten nginten déné Kakangmas tan sarju ing panggalih, déné kawistingal renguning pasuryan.
Baladéwa:         Priyé . . . Wrekudara kok ngono?  Ya sanadyan kepriyé waé, wong nyatané kuwi panyuwuné Wara Sembadra.  Upama kidhung nggoné nindakaké, nanging rak ya wangsulan.  Ya géné teka meneng waé, Wrekudara?
Kresna:              Nitik saking glagat sesungutipun, kadi wonten gémbolan­ing raos ingkang kineker déning Yayi Séna.
Puntadéwa:      Saking pangraos kula, inggih namung Paduka Kaka Prabu Dwarawati ingkang sembada angrangkani kadang kula Jodhipati.

Wrekudara bingung, diam tak bergeming.

Kresna:              Wrekudara . . . Wrekudara!  Si Adhi dijaluki tulung sedulur kanthi ngrerepa, iku mujudaké pakurmatan kang gedhé.  Nanging ya géné Yayi Séna ora wangsulan, malah katon gathuk wimbamu.
Pétruk tampil:    Oalah . . . tiwas kéné lèh nggolèk turut ngalas pirang-pirang puluh dina nganti kentèkan dhana, jebul bareng tekan ngomah mrucut saka géndhongan.  Kula niku angger weruh wong mak-klépat . . . kalih njeblèské lawang niku, ‘nyang weteng niku ngintir-intir nika.
Bagong tampil:         Olèhmu ngintir-intir ora mung weruh wong nesu.
Wrekudara:      Pétruk!
Pétruk:              Nun.
Wrekudara:      Kena ngapa kowé ora kandha mau-mau?
Pétruk:              Matur napa?
Wrekudara:      Wrekudara dikongkon ngedusi wong nggarbini.  Upama Kakang Semar mau wis ngandhani, aku ora bingung ngéné iki.
Pétruk:              Huuu . . . lha napa Kakèkné Semar sarombongan niki ngerti.  Kula niki ming bahu . . . bahu niku nèk dikongkon mangkat, kèn madosi ketemu trus ndhèrèkké kondur . . . ‘mpun.  Terus dolanan rèmi enèh.
Bagong:             Ha ha . . . kon ngedusi wé ‘thik bingung ya ‘Truk?  ‘Pama sing dikon aku ngono, wooo . . . aku mèlu adus sisan.
Pétruk:              Wandamu kaya luwak, ‘Gong!
Wrekudara:      Ana ngalas mau kupingmu krungu, mripatmu weruh . . . piyé welingé Kakèk Naradha.
Kresna:              Sang Hyang Naradha dhawuh apa, ‘Truk?
Pétruk:              Nèk boten klèntu . . . “Nggèr, Wrekudara . . . sawusé antuk wahyu, mbésuk nèk tekan ngomah . . . Pétruk kèkana dhuwit.”  É, anu dhing . . . boten angsal cecaketan kaliyan wanita.
Kresna:              O, ngono?
Pétruk:              He-eh.
Kresna:              O . . . dados piwelingipun Sang Hyang Naradha makaten?
Pétruk:              He-eh.
Kresna:              O inggih, matur nuwun.
Pétruk:              Ya, ha ha ha . . . .
Kresna:              Minggat kana!
Wrekudara:      Mokal yèn Kresna kakangku ora tanggap prakara iki.
Kresna:              Iya . . . nanging coba ta étungen ta!  Sembadra duwé panyuwun mangkono mau, mung dadi lantaran makarti­ning jabangbayi.  Yèn si Adhi sumelang kélangan tapamu, gedhéné koncadan wahyu, tegesé Wrekudara singlar saka hambegé satriya Pandhawa.  Pun kakang aywa tinarka njalukaké kamuktèn adhiku wadon . . . babar pisan ora.  Wong urip mono ora kuwasa; bebasan dadi gedhé kajibah ngayomi, dadi luhur kudu luhur ing budi, yèn turah samesthiné anglubèraké.  Mangka sajatiné ingkang kinandhut Wara Sembadra kuwi anaké sapa?  Anakké Janaka rak ya anakké Pandhawa.  Upama uwaling wahyu banjur manjing marang kang mbok sirami, gedhéné jejabang kang kinandhut . . . tegesé mulyaning pulunanmu ya mulyané Wrekudara.

Sampak laras sléndro pathet manyura, langsung suwuk, di­lanjutkan dialog.
Puntadéwa:      Séna . . . si Adhi aja mbebingung para kadang!
Baladéwa:         Wrekudara . . . mesakna Wara Sembadra ya ‘Dhi.  Wiwit darbé panjaluk mau adhiku wadon ora mboga ora nginum.  Saka pangrasaku tékadé wus gembleng, krentegé wus gilig, kumudu si Adhi kang anyirami.
Wrekudara:      Waaa . . . mBarep kakangku.
Puntadéwa:      Séna, kepriyé?
Kresna:              Yayi Wrekudara, apa?
Baladéwa:         Yayi Wrekudara, apa?
Wrekudara:      Seksènana!  Aku arep duwé uni marang Jlamprong lan Brintik.
Puntadéwa:      Yayi Séna, iya.
Wrekudara:      Jlamprong!
Arjuna:              Kula, Kakangmas.
Sembadra:        Apa Radèn?
Wrekudara:      Aku saguh nindakaké, nanging aku duwé panjaluk.
Arjuna:              Adhuh Kakangmas, tumunten kula aturi paring dhawuh.
Sembadra:        Pamundhut apa, Radèn?
Wrekudara:      Samangsa titiwanci wus nekani, jejabang wruh padhang hawa, bocah mau dak-jaluk dadi anakku!

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Arjuna dan Sembadra terkejut.  Iringan suwuk, dilanjutkan Sendhon Tlutur, kemudian dialog.

Arjuna:              Dhuh Kaka Prabu, lelampahan kula teka kados makaten?  Punapa badhé pepes dumugi samanten pangajeng-ajeng kula, Kaka Prabu?
Puntadéwa:      Tumrap lelakon iki prayoga limbangen kanthi premati, pun kakang ora bisa cawé-cawé.
Baladéwa:         Ora ngonoa Wrekudara kuwi ngapa ta!  Upama si Adhi durung kasinungan putra, kuwi jeneng lumrah.  Mangka Gathutkaca kuwi kajaba gagah prakosa ya sekti mandra­guna tan prabéda kaya si Adhi.  Nanging ya géné ora welas marang adhimu Premadi?  Lho pun kakang iki ora kok jeneng reréwang siji lan sijiné, nanging sun pundhut si Adhi aja ndedawa prakara.
Pétruk:              Oalah ‘Den . . ., kok ya ‘ra gelem njaluk anakku waé.
Bagong:             Nèk anakmu kuwi aja menèh ditembung dijaluk; ora ènèk wong nembung waé mbok tawakké.
Pétruk:              Apa pèken waé Gong?
Bagong:             Sing endi?
Pétruk:              Lha sing cilik, sing gedhé, apa sing sedheng?
Bagong:             Sotah kanggonan anakmu.  Latarku dipidak anakmu wé tak paculi tapaké.  Lha wong aku ‘ki liké . . . kok dilokké “Wah, Bagong ‘ki matané ambané.”
Pétruk:              Aja menèh kowé . . . , ha wong nggugah aku turu ‘ki bonggol jagung lolohké cangkem.
Puntadéwa:      Kaka Prabu, prakawis menika kadospundi?
Kresna:              Kula piyambak babar pisan boten nyana manawi ka­sagahanipun Yayi Wrekudara mawi pitukon ingkang makaten.  Ora ta Sembadra . . . .
Sembadra:        Apa Kakang?
Kresna:              Saiki dak-balèkaké si Adhi.  Sira Yayi kang darbé panyuwun, mangka kang mbok jaluki genti darbé panjaluk kang ora ènthèng, ingkang yektiné sira kudu nglilakaké titisaning getih dagingmu dhéwé.
Sembadra:        Kaka Prabu . . . .
Arjuna:              Mengko dhisik Wara Sembadra.  Kaka Prabu, nadyan tata gelar Sembadra rayi Jengandika, nanging tumrap tiyang sesémahan, kula ingkang wenang murba sawetahipun.  Langkung-langkung prakawis menika, kados namung Arjuna piyambak ingkang wenang netepaken.
Kresna:              Mula wegah guneman ‘ki rak kuwi.
Pétruk:              Nggih pancèn angèl niku .  Panjenengan boten sisah tumut-tumut, mengké nèk rampung mang dongani mawon.
Kresna:              Wandamu!  Nadyan mangkono, nanging Sembadra duwé wenang mbabar panemu.

Sembadra membalik menghadap Arjuna.

Sembadra:        Pangéran.
Arjuna:              Apa?
Sembadra:        Aku dak-kandha, gunemku iki tulus saka telenging ati.  Pamundhuté kang raka Jodhopati mau mujudaké gedhé­ning sih marang Kangjeng Paran lan kulawarga Pandhawa.  Tumrap aku, pangandikané wong kang kasinungan, mangka linambaran genturing tetèki iku prasasat dhawuhing jawata.  Ana ngendi bakal mulyané anakmu mbésuk manawa mung mbok gandhuli rasa kang ora lila?  Mangka rasa ora lila mau yèn ngrebala bakal ngrenggangaké paseduluran.  Kangjeng Paran naté dhawuh, nistha-nisthaning titah iku manawa nglincati prasetyané.  Mangka Pandhawa iku bebasan raga lima jiwa siji.  Apa prasetya mau bakal luntur mung ‘marga rebut anak, kang nyatané mbésuké isih padha bisa nyawang?

Sampak menjadi Ayak-ayakan laras sléndro pathet manyura.  Arjuna menyembah Wrekudara, sirep, dilanjutkan dialog.

Arjuna:              Kakangmas, kula ndhèrèk kapareng Paduka.
Wrekudara:      Hem . . . .  Dak-trima kanthi gedhéning ati, muga dadi dalan padha éling marang jejeré.

Sirepan wudhar; Wrekudara, Sembadra, dan Arjuna dientas ke kanan.  Iringan sirep, dilanjutkan janturan.

Hèr mawar pitung jembangan wus cumawis, dumadi saking tuking sendhang pitu kang nyata wening, wimbuh wineleg aruming wewangi.  Sinebar kang sekar melathi, sawenèh ana kang rinoncé rinipta rinakit kinarya amungkus ukelira sang ayu.  Katingal sumunu wenes, rimong bathik anggubet sarira, rinasa karya lam-lamé kang tumingal.  Ngaliling sulaking sitaresmi nuju purnama ndadari.  Rikat lakuné kaya-kaya glis wruh kaélokaning dumadi.
Datan wigih Risang Séna kang tinenggan rayi panengah, purwa madya mungkasi linampahan.  Sinurung idheping tékad, parandéné kaungkulan wasésaning Hyang Suksma Kawekas, katanda tuwuh gegeter, yekti pangaribawa kang mijil saking anggané Sang Séna.  Nyata lamun dayaning Wahyu Widayat kang oncad manjing guwa-garbaning Sang Ayu.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara tampil dari kanan, dengan sikap bingung, tanceb di gawang kiri.  Iringan suwuk, dilanjutkan pocapan.

Ana kaélokan, kadi sinengkakaké wahyaning mangsakala, anuntun jejabang angungak padhanging swasana.  Tingkem kang nétra kalih sang dyah ayu angunjul huswa, brol kang riwé hamarawayan anguwat wiji sejati, miyos kakung sumunar lir pratima rukmi.

Sampak dilanjutkan Ayak-ayakan laras sléndro pathet manyura.  Sembadra menggendong bayi tampil dari kanan, diikuti Arjuna, tanceb di gawang kanan.  Wrekudara memandang (tertegun).  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Arjuna:              Kaka Prabu, pulunan Paduka miyos kakung.
Wrekudara:      Waaa . . . anakku metu lanang.
Puntadéwa:      Hyang Suksma Adi Luwih, Wrekudara lan sira Arjuna, pun kakang mangayubagya.
Kresna:              Jagad déwa bathara.  Sumyar soroté ngenguwung, dhasar pekik ing warna.  Pun kakang banget bombong ya ‘Dhi, muga mbésuk anyembuh jayaning Pandhawa.
Baladéwa:         Wha, ha ya kepriyé waé, wong nyatané darah Mandura . . . mula nadyan isih jejabang, guwayané waé wus katon yèn bakalé dadi bocah kendel.  Aku mèlu bungah kang tanpa upama, Yayi.
Pétruk:              Wah . . . jan . . . , bayi isih jabang kok cahyané wis kaya ngono, bagus, granané mbangir, rikmané ireng njanges.
Bagong:             Persis kaya cilikanku biyèn.
Pétruk:              Kaya dhapurmu?  Kaya ‘ra ‘ruh bayimu, Gong.  Kowé biyèn umur semono, genah ngloyom sirahmu.  Wah, upama aku duwé anak kaya ngéné iki, ora arep tak kèkké uwong.
Kresna:              Nuwun sèwu Mas Pétruk, mbok sampun nggugah kala.
Baladéwa:         Hayo, ‘dha minggat kana!  Dak-jejegi kabèh mengko.
Sembadra:        Kaka Prabu, sing wenang mènèhi tetenger bocah iki sapa, Kakang?
Kresna:              Yayi Punta kadospundi?
Puntadéwa:      Kula ndhèrèk Kangjeng Kaka Prabu.
Baladéwa:         Manawi pun kakang Janaka ya apik, Wrekudara ya becik.  Janaka priyé?
Arjuna:              Sampun kula aturaken, Kakangmas.
Pétruk:              Nèk ‘dha bingung, napa diparingi asma Radèn Samiya mawon?
Kresna:              Wewenang sawutuhé ana Dhimas Brataséna.
Wrekudara:      Waaa . . . , yèn mangkono seksènana, anakku dak-wènèhi tetenger Bimanyu.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Sucitra tampil dari kiri, menyembah, tanceb di gawang kiri pada gedebog bawah.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Sucitra:              Amit kaliman tabé, Radèn.
Arjuna:              Ana wigati apa, Sucitra?
Sucitra:              Prabu Jayamurcita lan wadya pitung bala gelar, mlebet kitha gora ngrisak wewangunan, mbarang amuk damel pepejah.  Manawi Paduka boten maringaken gusti ayu, Madukara badhé kabumi angus.
Wrekudara:      Jelèh urip.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara dientas ke kiri.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Bayi:                  Oè . . . oè . . . oè . . . .
Sembadra:        Anakku Nggèr, kowé ya géné wong bagus?  Paran, iki piyé, Paran . . . putramu budi ngayang, ngayang kaya ngéné?
Arjuna:              Bimanyu . . . menenga ya Nggèr.  Kaka Prabu, menika kadospundi tanpa kèndel panangisipun?
Puntadéwa:      Nitik tangisé jejabang kang kekejer mangkono iku, kaya ora sabaéné, Arjuna.
Baladéwa:         Yayi Kresna, mbok diusadani, Yayi.
Kresna:              Sembadra, si Adhi ora susah bingung.  Saka pangrasaku, jabang bayi iki wus ana tetalining batin klawan Dhimas Séna.  Sapa weruh lamun tangising putramu mau, wujud pamejang marang wong gerang kaya pun kakang lan si Adhi supaya tanggap marang kahanan iki.
Arjuna:              Lajeng prayogining lampah kadospundi, Kaka Prabu?
Kresna:              Bocah iki ayo disusulaké menyang paprangan.
Sembadra:        Kaka Prabu, aluwung ora meneng panangising Bimanyu tinimbang anguk-anguk bebaya.
Baladéwa:         Wah, piyé Kresna?
Kresna:              Janaka.  Rosaning rasa samar kang tuwuh saka pengéman, yekti nyrimpet lan ngrerendheti bakal tekaning kamulyan.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Abimanyu digendong oleh Arjuna dientas ke kiri, diikuti Kresna dan Baladéwa.  Sembadra dan Puntadéwa dientas ke kanan.

VII.  PERANG BRUBUH

Pasukan sabrang berperang dengan Setyaki; Setyaki kalah.  Wrekudara tampil dari kanan, menendang Jayaprakosa; kemudian tanceb berhadapan.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Manyura Jugag, kemudian dialog.

Jayaprakosa:    Wah, ndugang tanpa uni, wong gedhé dhuwur, sapa?
Wrekudara:      Wrekudara.  Ayo minggata!
Jayaprakosa:    Wah, apa mbok kira aku wedi karo gedhému?  Gelem bali yèn . . . .

Wrekudara menendang Jayaprakosa; Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara berperang dengan Jayaprakosa; Jaya­prakosa kalah.
Kresna dan Arjuna yang menggendong bayi tampil dari kanan, menemui Wrekudara.  Iringan suwuk, dilanjutkan Ada-ada Manyura Jugag, kemudian dialog.

Wrekudara:      Ya géné padha nusul ndadak nggawa anakku lanang?
Kresna:              Coba ta Yayi, si Adhi wruh putramu tansah muwun, budi ngroncal kaya ngéné.  Sapungkuré Yayi Séna tanpa meneng bocah iki.  Mula mangsa bodhoa, Dhimas Séna.
Wrekudara:      Waaa . . . anakku, ayo dak-géndhong ‘Lé!

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Bayi diserahkan kepada Wrekudara.  Arjuna dan Kresna dientas ke kanan.  Iringan suwuk, dilanjutkan pocapan.

Cep klakep kèndel polahé, wus tan kapiyarsa tangisé, ingemban Sang Bima.  Rerep rerem tan wiraga sang jabang, amung tutuké kang kawistingal kadi minta dèn-sesepana.  Kamitenggengen Sang Harya Séna mulat citrané kang putra.  Greget osiking ‘nggalih kang wus nunggil, dadya carem lereming pangraos, temah kababar ing pakarti, gya ingusap wadanané Sang Bimanyu kapèpètaken ing jaja.  Slagané tan prabéda ibu kang anesepi putra.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara menyusui Abimanyu.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Wrekudara:      Hanakku . . . hanakku . . . .
Pétruk (tampil):  Ngudang anak kok wagu . . . hanakku . . . .
Bagong (tampil):   Marahi dhèk duwé anak ora tau ngejak.
Jayamurcita:     Hé, amuk-amuk!

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara terkena panah bertubi-tubi dari arah kiri; ada yang menancap di kaki, kemudian dicabut oleh Pétruk.  Jayamurcita tampil dari kiri, tanceb berhadapan dengan Wrekudara yang menggendong bayi.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Jayamurcita:     Lha wong perang kok disambi momong.  Kowé sapa?
Wrekudara:      Wrekudara.  Kowé sing jeneng Jayamurcita?
Jayamurcita:     Kapara nyata.  Endi Wara Sembadra?
Wrekudara:      Sembadra ora ana, sing ana anaké Sembadra, sing dak-géndhong iki.  Waaa . . . ratu ora melèk mripaté.
Jayamurcita:     Kebeneran yèn anaké Sembadra wis lair.  Yèn kowé gel;em ngulungaké Wara Sembadra, aku saguh nampa lan ngopèni anaké.
Wrekudara:      Anaké sapa!

Wrekudara menendang Jayamurcita; Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara berperang dengan Jayamurcita.  Wreku­dara tanceb di tengah kelir menghadap ke kiri, mengayun-ayunkan bayi.  Arjuna dan Kresna tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Arjuna:              Kula boten wentala ningali anak kula dipun-ubengaken kados kitiran, Kaka Prabu.
Kresna:              Ora ngonoa Wrekudara ‘ki lali nèk nggawa bocah apa piyé?
Wrekudara:      Waaa . . . perang karo bapak ya ‘Lé, anakku lanang, waaa.  Kowé dadi anak Wrekudara nèk kenyonyok keris mlècèt kulitmu, dak-guwang kali.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara dengan menggendong bayi dientas ke kiri; disusul Kresna dan Arjuna.  Wrekudara menggendong bayi tanceb di tengah kelir.  Iringan suwuk, dilanjutkan pocapan.

Kemrutug kaya udan pusakaning Prabu Jayamurcita.  Saben tumama jejabang gumenjlèng mletik metu geniné, datan bucik kusikané Sang Bimanyu, kepara nyekèkèk yayah kinudang.  Mèsem Sang Bima, bombongé yayah sondhul wiyati.  Saya waringuten Prabu Jayamurcita, ngangseg yudané kinetog.  Kridha Sang Séna, kaumbulaken Sang Bimanyu, mandhap tinadhahan asta, dèn-sabetaken mustakané Prabu Jayamurcita, pejah kapisanan.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Wrekudara berperang dengan Jayamurcita; bayi dihantamkan di kepala Jayamurcita, Jayamurcita mati.

VIII.  ADEGAN PANUTUP

Wrekudara menggendong Abimanyu tampil dari kiri, tanceb di gawang kiri pada gedebog atas.  Kresna dan Arjuna tampil dari kanan, tanceb di gawang kanan.  Baladéwa tampil dari kanan, tanceb di belakang Wrekudara.  Iringan suwuk, dilanjutkan dialog.

Kresna:              Adhuh ‘Dhi, kang padha mulat nganti miris.  O, Bimanyu, bayi kok wis ngrampungi gawé.
Arjuna:              Anakku wong bagus, kowé satriya sejati.
Baladéwa:         Jagad déwa bathara, wah-wah . . . ha ya turun wong peng-pengan.
Wrekudara:      Jayamurcita ilang kwandhané.
Baladéwa:         I ha iya iki  mau menyang ngendi, Yayi?
Kresna:              Kula tingali jatining pramana, sampun nunggil kaliyan Bimanyu.
Wrekudara:      Waaa . . . yèn ngono tambah kekuwatanmu, ‘Lé.
Kresna:              Mula Yayi, gegandhèngan Prabu Jayamurcita wus titip kaswargané mbésuk marang anakmu, dina iki nunggak semi, anakmu uga bakal dak-paringi tetenger Radèn Jayamurcita.

Sampak laras sléndro pathet manyura.  Kayon ditancapkan tegak lurus di tengah kelir pada gedebog atas.



4 komentar:

  1. Parah plagiat Ki Purbo Asmara S.Kar M.Hum.

    BalasHapus
  2. Parah plagiat Ki Purbo Asmara S.Kar M.Hum.

    BalasHapus
  3. Sanggit ki purbo asmoro s.kar m.hum

    BalasHapus
  4. Casinos near me - Mapyro
    Searching for casinos near me in 사천 출장마사지 2021? 안양 출장샵 · Casinos Near 영주 출장마사지 Me 제천 출장안마 - The city center for exploring and 속초 출장샵 traveling with family · Hotel/Resort near me · Resorts Casino

    BalasHapus