Rabu, 24 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa Yanto Ulang Tahun

Yanto Ulang Tahun
Dening: Muchlas Ardhianto
Yanto,salah sawijining siswa SMA ing kutha Pare Kediri.Yanto ora pinter babagan  pelajaran sing ana hubungane karo ngitung lan apalan,nanging Yanto paling pinter yen dipercaya mimpin kanca-kancane ing kelompok sinau utawa organisasi-organisasi liyane.Yanto uga seneng yen dheweke dipercaya kanca-kancane amarga dheweke pingin ngembangake bakat lan minate dadi pemimpin sing luhur bebudhine
Sawijining dina ing tahun ajaran sing anyar,Yanto budhal sekolah nganggo sragam anyar.Yanto seneng banget,amarga bisa ketemu maneh karo kanca-kancane sawise preian akhir semester.Nanging,nalika Yanto mlebu kelas kanca-kancane padha ngwasi kanthi praupan sinis marang Yanto.Yanto bingung apa salahe nganti kanca-kancane ora naruh dheweke malah ngwasi kanthi praupan sinis.Yanto takon marang kancane sing jenenge Rama,
“Ram,aku salah apa se sakjane kok nganti arek-arek koyok ngunu ”,
“La awakmu gak ngroso salah?”Rama mbalik takon marang Yanto.
Yanto ora njawab pitakonane Rama amarga Yanto bingung arepe mangsuli piye amarga Yanto ora ngerti masalahe.
Yanto bingung arep takon menyang sopo maneh amarga kabeh kanca-kancane ora naruh kabeh,yen biasane kanca kancane padha balapan kumpul karo dheweke,saiki malah balapan ngadoh dewe-dewe.Yanto ora nyangka yen kanca kancane bisa kaya ngunu marang dheweke.
Yaa Allah,apa sakjane salahku nang arek arek nganti kanca-kancaku padha ngadoh saka aku?”.
Saben dina uripe Yanto isine mung nglamun,sedih,lan kuciwa marang kanca-kancane.
Tanggal 20 Agustus,Yanto takon maneh menyang Rama sing sejatine kanca sing paling akrab karo Yanto.
”Ram,aku arepe takon”takone Yanto kanthi nada melas.
”Takon apa maneh?” jawabe Rama kanthi suara emosi,
“Aku iki sakjane salah opo se? Kok arek arek wiwit dina pertama mlebu sekolah nganti saiki gak naruh aku?”
“Awakmu gak salah apa-apa sakjane,tapi arek-arek kuciwa karo awakmu”.
”Kuciwa gara ara apa Ram?”
”Saiki awakmu durung wayahe weruh,suk ae tak duduhi nek wis wayahe”
Yanto tambah bingung maneh.Nanging Yanto belajar masa bodo karo kanca-kancane amarga pingin njajal kepriye respone kanca kancane yen dheweke ngwales kanthi kelakuan sing padha.
Limang dina saka kejadian iku,Kanca-kancane padha ngumpul ninggalne Yanto dhewe ing kelas.Yanto ora nduwe rasa curiga yen kanca-kancane ngumpul nggawe rencana gawe dheweke,Sesuke Yanto isuk-isuk wis budal sekolah.Tekan sekolahan,Yanto kaget ora karuan amarga kanca kancane wis ana ing njero kelas enek sing nggowo roti lan nggawa kotak kado.Yanto eleng yen tanggal 26 Agustus iku ulang tahune,Kanca kancane padha ngwenehi kado lan ngucapake Ulang Tahun uga njelasne yen kelakuane kanca-kancane sak wulan kepungkur iku gae nyambut ulang tahun e dheweke supaya rame lan beda kaya ulang tahun sing sak durunge.Yanto matur suwun banget marang kanca-kancane mergo wis ngrayake ulang tahune kanthi cara sing ora biasa,masiya wiwitahe Yanto pegel karo kanca-kancane gara-gara kaya ora di anggep kanca maneh.
Gawe ngucapne matur suwun marang kanca-kancane  Yanto ngajak kanca-kanca kelase mangan bakso nang warunge Pak Sumadi.Kanca-kancane ya melok seneng amarga oleh mangan gratis tekan Yanto.Ora mung mangan tok,Yanto uga ngajak kanca-kancane dolan menyang Gunung Bromo.Ing kana,kanca kancane di bayari kabeh.Yanto pancen terkenal bocah sing akeh duwite uga ora medhit marang kanca-kancane,eleng-eleng bapak ibuk e ya pengusaha minyak ing Kalimantan,mula iku kanca-kancane seneng kanca dheweke.
Sawise mangan lan dolan bareng,sesuke Yanto mlebu sekolah.Praupane seneng,sumringah amarga sadar yen kanca-kancane ngeman lan seneng kumpul karo dheweke,ora kaya winginane sing masa bodo lan kaya musuh.Kanca-kancane ing sekolah pada ngucapne matur suwun amarga wis dijak mangan lan dolan karo Yanto.Wiwit iku,Yanto lan kanca-kancane malih luwih akrab tinimbang sak durunge,amarga kaya nduweni rasa paseduluran sing kuat siji lan liyane.


4 Agustus 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar