Minggu, 13 November 2016

Guyon Maton



SEKOLAH RUJUKAN
Tema : Sekolah
Nama               : Muchlas Ardhianto
Kelas               : XII IA-2
No. Absen       : 21

Ngenani sekolah rujukan. Sekolah SMAN 1 PARE  iki dinobatne dadi SMA Rujukan. Program sekolah rujukan ora kiro kiro akehe, wiwit program literasi,program kebersihan kelas,program CBT nganti program pembangunan. Tapi program sing akehe mengkono mau ora di dukung karo ubo rampe sing pepek.hasile kurang maksimal.
Saiki didelok wae pak tukang isuk isuk wis tukaran,rame goro goro ayakane mung siji padahal sing ngayak loro. Tur yo ora mung kuwi,pak tukang yo nesu-nesu nganti tembok di rubuhne,kelas-kelas di gae jublangan mergo gak di wenehi kiriman. Weruh kedadean sing kaya iku mau, Aku matur nang wakasek sarana prasarana. Jawabe puenak "Cah Edan"
Sak liyane program pembangunan,program ketertiban yo di terapake nang SMAN 1 PARE iki. Tapi program iku alhamdulillah berhasil ora koyo sekolah sekolah liyane...
Aku tau nang sawijining sekolah iku nerapake keagamaan sing kenthel
dadi saben jam kosong... siswane iku thowaf dadi museeer wae keluyuran ngubengi sekolah karo rokokan, nalika keruhan Bapak Ibu guru tatib,langsung sa'i dadi mlayu sak banter bantere.
Nek mari mlayu terus kesel mari ngunu wukuf dadi meneng wae karo ndelik
nyambi meneng ae mari ngunu mbalang jumroh.. rokok e di uncalke ben gak enek bukti nek dheweke rokokan. Nalikane keruhan terus tahalul... di pethal rambute.

Matur Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar