BIMA
KOPEK
ABIMANYU LAHIR
DENING : KI GEDHUG
SISWANTORO
2012
BIMA KOPEK
TABLO
Gendhing ayak sudamala masuk garapan pelog sigeg masuk janturan goro-goro.
Horeg jumeglug, jagade kocak, bumi saya panas. Kaya
datan kuwat nyangga dosane manungsa. Saenggon-enggon amung kapyarsa pekabaran
pawarta kanisthan, kumandhange angkara murka, ngrembakane kaculikan. Alas
kobar, gunung nyembur lahar, banyu segara amber mblabar, ambyar buyar kang ketrajang,
para kawula alit samya angungsi urip, endhut panas mumbul saking telenging
bumi, banjir ladhu malik watu.
Hening sesanti niskala. Ana manungsa
ingkang masih eling mring panembah, ana titah ingkang masih enget mring
kautaman, ana jalma ingkang masih kober mikir katentreman, ana wong ingkang
masih tresna marang kerukunan, nenggih jatining sang pamong linangkung Kyai
Lurah Semar Badranaya.
Ginem
Semar lan Bima